Tampilkan postingan dengan label nulis. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label nulis. Tampilkan semua postingan

Kamis, 09 Januari 2014

Tembung Saroja

 
'Jungkir walik' iku kalebu tembung saroja

Tembung saroja yaiku tembung loro sing padha tegese utawa meh padha dianggo bebarengan.

Kamis, 12 Desember 2013

Unggah-Ungguh Basa

Basa Jawa Nduweni Unggah-Ungguh Basa sing Apik


Manut cak-cakan lan trap-trapane, basa Jawa iku sejatine ana loro, yaiku basa ngoko lan krama. Nanging, manut panggonane ing sakehing masyarakat basa iku ana papat. Basa ngoko ana loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus/andhap. Dene sijine basa krama uga ana loro, yaiku krama lugu lan krama inggil/ alus.

Rabu, 11 Desember 2013

Cerkak

Cerkak (Crita Cekak), Sastra Jawa Awujud Crita


Cerkak yaiku gancaran sing cekak ora luwih saka 10.000 tembung. Kira-kira 3-10 kaca/halaman.


Sengkala


Sengkalan, Cara Unik Nulis Taun Miturut Basa Jawa


Candrasangkala
utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha:
Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”.

Peprincening Jinising Tembung

Basa saja kaperang dadi 9 golongan tembung, yakuwi:

  1. tembung kriya (mlaku, tuku, adol, lsp.)
  2. tembung aran (omah, tikus, mrica, lsp.)
  3. tembung kaanan (kendel, abang, kuru, lsp.)
  4. tembung katrangan (prayoga, kira-kira, dumadakan, lsp.)
  5. tembung sesulih (kata ganti: aku, iki, iku)
  6. tembung wilangan ( siji, akeh, pirang-pirang, lsp.)
  7. tembung penggandheng/lantaran (ing, saka, menyang, lsp.)
  8. tembung panyambung (sumawana, suprandene, jalaran, lsp.)
  9. tembung panyeru (adhuh, wah)


Jinising Tembung

Rong Perangan Tembung Basa Jawa: Tembung Lingga lan Tembung Owah


Miturut jinising tembung-tembung kabedakake dadi rong perangan, yakuwi tembung lingga (kata dasar) lan tembung kangwisowah saka linggane (kata jadian/bentukan). Tembung lingga yakuwi sakabehing tembung kang durung ngalami owah-owahan.

Basa Rinengga Kanggo Pepaes Sastra

Basa Rinengga Akeh Diprangguli Ana ing Sastra Jawa Kayata Novel lan Geguritan


Rinengga nduweni teges dipacaki, pinajang dipaesi utawa kinarawista. Kabeh mau nduweni perlu supaya dadi endah, bregas, lan ngresepake. Basa rinengga bisa uga diarani basa pajangan, basa pacakan, utawa basa bregasan. Basa rinengga mesthi wae duweni surasa kaendahan utawa kaendahaning surasane. Tegese senadyan endah,

Geguritan

Geguritan: Puisi Jawa Modern


Geguritan kalebu jinis puisi Jawa Modern. Dene wujud puisi Jawa Tradisional arupa tembang, kalebu tembang macapat, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Sing kalebu tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dhandhanggula. Kalebu tembang tengahan yaiku Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. Dene tembang gedhe yaiku Girisa.

Parikan

 
Parikan, Puisi Lawas Kabudayaan Jawa

Parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun kilat. 

Wacana Deskripsi

Nulis Wacana Deskripsi kanggo Nggambarake Kahanan kanthi Cetha

Wacana Deskripsi yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan (objek). Objek mau kaya-kaya ana ing ngarepe wong kang maca. Objek bisa kedadeyan saka kahanan, prastawa, manungsa, utawa barang.


Miturut KBBI (2001:258) deskripsi tegese “pemaparan atau penggambaran dengan kata-kata secara jelas dan terperinci”


Wacana Narasi

Wacana Narasi Iku Cirine Anane Narasi kang Ngisahke Cerita lan Prastawa


Miturut KBBI Edisi Ketiga (2001:774) sing diarani narasi “pengisahan suatu cerita / kejadian, cerita atau deskripsi suatu kejadian atau peristiwa; kisahan, tema karya seni”. Dadi narasi tegese karangan sing nyritakake sawijining crita utawa kedadeyan, nggambarake prastawa (miturut KBBI). Ana maneh tegese macana narasi kang luwih jangkep, yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Tembung liyane nerangake menawa narasi iku wacana kng nyritakake kanthi cetha rerangken tumindhak sajroning prastawa kang winatesing sawijining wektu.

Wacana Eksposisi




Wacana Eksposisi: Mbeberake Sawijining Prastawa kanthi Terang


Wacana eksposisi tegese wacana kang mbeberake anane analisis proses kanthi cara narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris utawa naras teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene pawongan.

Paragraf




Nggawe  sawijining paragraf kalebu  sajroning ketrampilan nulis sing ora saben pawongan diduweni. Ketrampilan nggawe paragraf bisa saya ngrembaka menawa disinaoni lan dilatih kanthi teratur. Ketrampilan nyusun ukara siji lan sijine saengga nduweni teges kang gumathok ora teka / bisa tanpa disinaoni, tanpa dilatih,  mula saka kuwi, nglatih/gladhen terus-terusan/ora kendhat nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan nguwasani nulis paragraf.