Nggawe sawijining paragraf kalebu sajroning ketrampilan nulis sing
ora saben pawongan diduweni. Ketrampilan nggawe paragraf bisa saya ngrembaka
menawa disinaoni lan dilatih kanthi teratur. Ketrampilan nyusun ukara siji lan
sijine saengga nduweni teges kang gumathok ora teka / bisa tanpa disinaoni,
tanpa dilatih, mula saka kuwi, nglatih/gladhen terus-terusan/ora kendhat
nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan nguwasani nulis paragraf.
Sawijining paragraf biasane
kedadeyan saka pirang-pirang ukara. Ukara –ukara ana sajroning paragraf kudune
sinambungan antaraning ukara siji lan sijine. Ukara-ukara sing dumadi
nyengkuyung sawijining tema / topik.
Tema / topik panggonane ana
sajroning ukara pokok dene ukara-ukara liyane nduweni sifat njelasake/mbeberake
ukara pokok. Ukara sing ngandhut gagasan pokok dijenengake ukara pokok,
dene ukara sing ngemot gagasan panjelas diarani ukara panjelas.
Wujuding paragraf ditilik saka
panggonane ukara pokok ana papat yaiku :
1. Paragraf Deduktif
Paragraf sing ukara pokoke ana
ngarepan diarani paragraf deduktif. Paragraf jinis iki paling gampang digawe.
Ana sajroning bagan paragraf deduktif digambarake kaya ing ngisor iki
K
u / u P
|
K P1
/ U Pj1
|
K P2 / U Pj2
|
K P 3 / U Pj 3
|
K
P 4 / U Pj4
|
K P 5 / U Pj 5
|
Ketrangan : K u /
Up : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp /
Upj : Kalimat
Penjelas / Ukara panjelas
Tuladha :
Ana ing
sahwening masyarakat kita melu rumangsa prihatin yen ta seni musik keroncong
saiki wis langka. Kesilep
ana ing jagading seni modern sing mekar ana ing laladan Tanah Air. Bupati Pati
H. Tasiman SH uga melu ngrasakake kahanan iki. Nalika paring sesorah ana ing
pengeten HUT Himpunan Artis Keroncong Musik Indonesia (Hamkri) Cabang Kabupaten
Pati sing sepisanan durung suwe iki, ngandharake seni keroncong saiki wis ora
kaya dhek jaman dhisik maneh ……
Ukara pokok paragraf ing ndhuwur,
“Ana ing sahwening masyarakat kita melu rumangsa prihatin yen ta seni musik
keroncong saiki wis langka.” Dene ukara candhake arupa ukara panjelas.
2. Paragraf Induktif
Paragraf jinis iki walikane paragraf
deduktif. Ukara pokoke ana ing pungkasaning paragraf. Ukarane diwiwite saka
bab-bab sing asipat mligi/khusus tumuju klimaks, yaiku generalisasi. Nggawe
paragraf jinis iki rada kangelan, nanging cocok tur mathuk kanggo nulis prosa
argumentasi
Yen dibaganeke, paragraf induktif
kaya ing ngisor iki
K
p1 / u Pj1
|
K P2
/ U Pj2
|
K P3 / U Pj3
|
K P 4 / U Pj 4
|
K P 5 / U P5
|
K P 6 / U P 6
|
KU / Up
|
Ketrangan : K u /
Up : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp /
Upj : Kalimat
Penjelas / Ukara panjelas
Tuladha :
Supaya komunikasi kuwi kedadeyan /
lumaku kanthi apik, saka kalorone (pihak sepisan lan kapindho) merlokake basa
sing dianggo bebarengan. Wujude basa mau arupa swara. Swara kuwi diasilake saka
alat wicarane manungsa. Kanthi mangkono bisa dikandhakake swara kuwi alat
sing ngleksanani basa.
Ukara pokok paragraf ing ndhuwur
yaiku,” kanthi mangkono bisa dikandhakake swara kuwi alat sing ngleksanani basa.”
3. Paragraf repetitif
Paragraf sing ukara pokoke ana
ngarep dalah ana pungkasaning paragraf diarani paragraf repetitif. Ukara pokoke
ana ing ngarep banjur dibaleni ana ing mburi minangka kasimpulan. Gagasan pokok
diwujudake ana rong ukara, sing kalorone ukara mau meh memper / ora padha
persis.
Yen digambarake kanthi bagan, kaya
ing ngisor iki
K u / u P
|
K P1
/ U Pj1
|
K P2 / U Pj2
|
K P 3 / U Pj 3
|
K
u / U P
|
Ketrangan : K u /
Up : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp / Up : Kalimat
Penjelas / Ukara panjelas
4. Paragraf Deskriptif
Ukara pokok paragraf deskriptif
ditemokake ana sakabehing perangan paragraf. Dadi, saben ukara sing nyengkuyung
dumadine paragraf diarani ukara pokok. Sakabehing ukara sing ana nduweni
kawigaten kang padha, kanthi bebarengan nyawiji dadi siji paragraf kang
gemolong. Paragraf deskriptif akeh banget
dianggo ana sajroning prosa narasi. Mula saka kuwi, paragraf deskriptif
uga diarani paragraf naratif.
Bagan paragraf deskriptif.
K u / u P
|
K u / u P
|
K u / u P
|
K u / u P
|
Tuladha :
Pandhu ngungun. Mentale rubuh.
Dheleg-dheleg ana ngomah. Ora wani metu. Ora wani nyang kantor desa. Semono uga
Marsiti. Dheweke rumangsa isin, wirang. Sing tumindhak luput. Pandhu, kang
nampa akibate wongng saomah. Nastiti malah nganti emoh sekolah. Patrape sing
kaya wong pengung saya nemen.
Saka patang paragraf ana ndhuwur sing
biasa dianggo yaiku paragraf deduktif & induktif.
Dene nulis paragraf yen ditilik saka cara
mbabarake isining paragraf kabagi wacana narasi, wacana deskripsi, wacana
eksposisi, wacana argumentasi, lan wacana persuasi. Ing ngisor iki diwedharake
paragraf jinis eksposisi, deskripsi lan narasi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar