Tampilkan postingan dengan label budaya. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label budaya. Tampilkan semua postingan

Jumat, 10 Januari 2014

Arane Dina lan Wuku



Dina, Pasaran, Wuku, lan sapanunggalane iku dadi khas sing ana ing sistem kalender Jawa

Kaya ing budaya lan basa masyarakat liya, masyarakat Jawa nduweni aran dina lan wuku sing khas lan dadi ciri sing mung digunaake dening masyarakat Jawa.

Jumat, 27 Desember 2013

Dasanama Wayang

Pandhawa Lima Uga Nduweni Dasanama


Saben lakon ing pewayangan biasane nduweni dasanama kang akeh.

Kamis, 12 Desember 2013

Cangkriman



 
Cangkriman Iku Karepe Ana ing Batangane

Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang karepe. Tembung liya kudu ana bedhekane.

Sanepa

Sanepa Iku Unen-Unen Mbangetake Nanging Nganggo Tembung Kosok Baleke




Sanepa yaiku unen-unen bangsane pepindhan, angemu surasa mbangetake, nanging nganggo tembung sing tegese kosok balek karo karepe.

Unggah-Ungguh Basa

Basa Jawa Nduweni Unggah-Ungguh Basa sing Apik


Manut cak-cakan lan trap-trapane, basa Jawa iku sejatine ana loro, yaiku basa ngoko lan krama. Nanging, manut panggonane ing sakehing masyarakat basa iku ana papat. Basa ngoko ana loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus/andhap. Dene sijine basa krama uga ana loro, yaiku krama lugu lan krama inggil/ alus.

Rabu, 11 Desember 2013

Pitutur Luhur

Dumeh Iku Sifat kang Ala


AJA DUMEH

Aja dumeh mujudake pitutur luhur warisane para leluhur lan pinisepuh kang ngemu teges supaya jalma manungsa utawa titah sewantah anggone nglakoni penguripane ana ing alam donya ora ngendelake aji mumpung. Dumeh, mujudake kahanan kajiwan kang njalari sawijining pawongan nggunakake kesempatan(aji mumpung) kanggo kepentingane dhewe tanpa ngelingi sak padhane urip. Kesempatan kasebut ing ndhuwur bisa maujud drajat, pangkat, bandha donya, panguwasa, ilmu linuwih, kebagusane rupa lan liyane.

Crita Wayang



Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut.

Cerkak

Cerkak (Crita Cekak), Sastra Jawa Awujud Crita


Cerkak yaiku gancaran sing cekak ora luwih saka 10.000 tembung. Kira-kira 3-10 kaca/halaman.


Sengkala


Sengkalan, Cara Unik Nulis Taun Miturut Basa Jawa


Candrasangkala
utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha:
Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”.

Tembang Macapat

 
Tembang Megatruh, Macapat sing Mbabarake Rasa Susah

Macapat ditegesi maca papat-papat tegese macane papat-papat, saben pamunggele tembung kedadeyan saka patang wanda. Ananging iki dudu siji-sijine teges.. salah sawijining pakar Sastra Jawa, Arps, negesi macapat kanthi teges-teges kang maneka warna kaya kang kapacak ana bukune kang asesirah Tembang in two traditions.

Geguritan

Geguritan: Puisi Jawa Modern


Geguritan kalebu jinis puisi Jawa Modern. Dene wujud puisi Jawa Tradisional arupa tembang, kalebu tembang macapat, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Sing kalebu tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dhandhanggula. Kalebu tembang tengahan yaiku Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. Dene tembang gedhe yaiku Girisa.