Rabu, 11 Desember 2013

Cerkak

Cerkak (Crita Cekak), Sastra Jawa Awujud Crita


Cerkak yaiku gancaran sing cekak ora luwih saka 10.000 tembung. Kira-kira 3-10 kaca/halaman.



Bab-bab sing kudu dimangerteni kanggo nyinau crita cekak :
1. Gagasan Penting
2. Alur
3. Paraga
4. Setting/ latar
5. Amanat
6. Gaya Bahasa

Ing ngisor iki tuladha salah sawijining cerkak sing judule "Nerak Wewaler"






Nerak Wewaler
Dening: Erdy Priharsono

Kasunyatane urip bebrayan kuwi abot sanggane. Beda karo wektu isih bujangan. Dhuwit asile glidhig golek sandhang pangan bisa dienggo seneng-seneng dhewe. Bisa kanggo tuku pit ,montor, mangan enak, lan macak modhis kaya artis.
Nanging bareng wis ngancik urip bebrayan, kabeh mau malik grembyang. Kahanan kaya mangkono dialami Parno. Dheweke ora bisa seneng-seneng maneh. Piye arep seneg-seneng, wong butuhe tambah akeh, kamangka entuk-entukane saka ngolah sawah sangsaya susut.
 Sawah sakcuwil tinggalane swargi wong tuwane ora bisa maneh kanggo cagak urip. Sing wareg, sing sundep, sing banjir, kaya gilir gumanti ngrampas rejekine kadang tani. Kosok baline rega beras, susu bayi, lan lawuh saben dina malah ndedel dhuwur.
Nek wis ngono kuwi pikirane Parno dadi cumpleng, buneg, ora bisa mikir dawa. Arep kerja apa maneh kanggo makani bojo lan anak loro. Mula wektu sing wedok, Parmi, ditawani gaweyan ngewangi administrasi ing home industry duweke Lik Diran, Parno ora kabotan.
Parmi lulusan SMEA ing kecamatan. Dhasar bocahe prigel, wekel, lan rada mletik, mula bisa mrantasi gaweyan. Malah kepara Parmi uga asring melu promosi nerangake modhel meja kursi gaweyane home industry marang pelanggan sing teka.
Ana salah sijine pelanggan sing asring tuku meja lan kursi, nuli dikirim menyang Walanda. Jenenge Mister Smit, ngono Parmi kulina ngundang. Mister Smit gemati banget marang Parmi. Apa wae kebutuhane Parmi mesti ditukokake.
Sawijing dina Mister Smit ngajak Parmi lunga kanthi pawadan golek modehl kursi menyang pameran furniture ing kutha, Wong loro beda bangsa kuwi katon runtang-runtung sajak klop. Ya mesthi wae, wong dedeg lan rupane Parmi ora nguciwani.
Sakdurunge mulih ndesa, kalorone mangan ing restoran. Sinambi mangan Mister Smit crita yen dheweke ninggal anak bojo ing walanda kana.” Mula  aku aku kesepen. Ing kene sepi ora ana sapa-sapa. Mung kowe sing bisa nglipur aku, kandhane Mister Smit.
“Mula yen kowe ora kabotan, aku pengen kowe dadi bojoku. Kowe gelem ta? pitakone Mister Smit nanting sinambi nyekel tangane Parmi.
Parmi kaget kaya disamber bledheg. “Bule sinting! Aku wis duwe anak bojo!” wangsulane Parmi.
“Kuwi ora masalah. Kowe dadi bojoku sajroning aku tugas ing kene. Mung rong taun. Sakwise kuwi kowe bali maneh karo Parno”, ujare Mister Smit kalem. “Sajroning wektu rong taun kuwi kowe dak wenehi dhuwit rong atus yuta!” bacute Mister Smit.
Krungu iming-iminge Mister Smit Parmi gojag-gajeg. Gelem apa ora? Yen gelem, mengko piye? Bab prastyane marang bojone? Yen dianggep wong wedok murang tata? Nerak wewaler agama lan susila. Nanging yen ora? Dheweke genah butuh dhuwit! Parmi bingung!
“Pikiren dhisik karo bojomu ora kudu diwangsuli saiki”, kandhane Mister Smit.
Turut dalan, pikirane Parmi terus tarung, antarane gelem apa ora. Gek mengko piye carane omong karo Parno? Piye yen bojone nesu terus ngamplengi dheweke?
Tekan omah wis bengi. Anake loro wis turu kabeh. Parno isik melek sinambi nonton TV ukuran cilik sing bruwet akeh semute. Sakwise raup Parmi lungguh njejeri bojone. Parmi bekah-bekuh arep mbukak rembugan. Atine tidha-tidha.
“Anu mas, anu... aku arep ngomong”, kandhane rada gemeter.”Aku arep oleh dhuwit akeh banget, ning syarate abot. Kuwi wae yen kowe ngidini”, bacute Parmi. Kanthi ngati-ati Parmi nerangake bab syarat sing kudu dilakoni.
Krungu kandhane Parmi, Parno mung bisa dheleg-dheleg. Ati cilik ora lila yen bojone dijamah wong lanag liya, sanadyan kanthi pituwas atusan yuta. Kuwi cetha nerak wewaler! Ning piye maneh, dheweke butuh dhuwit kanggo nerusake urip.
“Apa ya kowe arep nglakoni lumrahe sesambungan wong bebojowan karo Smit?” pitakone Parno.
“Yen bab kuwi, pisan pindho aku mesthi nglakoni karo Mister Smit, nanging dakjamin ora ninggal tilas. Percaya aku mas, aku tetep setya marang sliramu”, wangsulane.
Pungkasane rembug, kanthi ati bobot Parno ngidini Parmi dadi bojo kontrakane Mister Smit. Parmi enggal budhal menyang kutha, menyang omahe Mister Smit. Kanggo nylamur kembang lambene tangga separo, Parmi dicritakake budhal dadi TKI menyang Malaysia. Bab anak, Parno bisa nggulawenthah dhewe.
Minggu candhake, kabeh rancangan cocog karo sing wis disarujuki. Kabeh mlaku pas karo rembugan tuwa. Dhuwit rong atus yuta gumrojog deres mlebu rekeninge Parno. Uripe Parno malik grembyang satus wolung puluh drajat.
Dhuwit adus kringete Parmi bisa kanggo mbangun omah, tuku sawah, nyaur utang, lan nyukupi butuh urip saben dina. Tangga teparo ngertine Parmi sukses makarya ing tlatah Melayu kana. Ora ana sing cubriya piye sejatine uripe Parmi.
Ora krasa meh rong taun prastawa iku lumaku. Rong taun kuwi uga Parmi mung mulih sepisan, kuwi wae mung telung ndina. Minggu ngarep kontrak antarane Parmi karo Mister Smit rampung. Parno wis ngarep-arep baline Parmi, semono uga anak-anake.
Parno wis duwe angen-angen kedadeyan iki mung cukup sepisan wae. Wis kapok. Ora arep ngeculake bojone maneh. Ana rasa salah, keduwung lan dosa gedhe. Minangka wong lanang, dheweke wis kebacut ngidini bojone nerak kasucen urip bebrayan, Parno kudune nggondheli rosa tapih-e Parmi supaya ora wudhar.
Pas dina sing diarep-arep, Pak Bayan mertamu menyang omahe Parno sinambi ngulungake laying. “Iki surat saka Parmi bojomu, mesthine surat sing ngabarake bab tekane Parmi”, ujare Pak Bayan sinambi ngelungake amplop surat.
Parno sajak bungah. “Ya Lik, turnuwun. Mengko nek Parmi wis bali aku arep slametan, syukuran”, kandhane Parno karo mesem.
Sakwise menehake laying Pak Bayan banjur pamitan. Dene Parno terus ngundang anake loro sing isih cilik supaya nyedhak.
Amplop nuli dibukak. Larik mbaka larik diwaca. Praenan sing maune bungah dumadakan malik grembyang.
“Aku njaluk pangapuramu sing gedhe yam as. Aku saiki lagi ngandhut asil sesambunganku karo Mister Smit. Mister Smit duwe pepenginan supaya calon jabang bayi iki kudu dirumat kanthi becik, sebab iki bakal dadi anak kandunge Mister Smit. Anak sing ana ing Walanda kana jebule mung anak angkat. Minggu ngarep aku arep diboyong menyang Walanda. Kowe percaya aku mas. Aku mesthi bali mas, ning mbuh suk kapan…”
Parno ora kuwat mbacutake maca surat kuwi. Praupane semrepet saknalika. Rasane donya iki dadi peteng ndhedhet. Parno nuli ambruk semaput! Anake sing during ngerti apa-apa mung bisa nangis pating jlerit nyawang bapake gumlethak ora bisa obah.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar