Dumeh Iku Sifat kang Ala |
AJA
DUMEH
Aja dumeh mujudake pitutur luhur warisane para leluhur lan pinisepuh kang ngemu teges supaya jalma manungsa utawa titah sewantah anggone nglakoni penguripane ana ing alam donya ora ngendelake aji mumpung. Dumeh, mujudake kahanan kajiwan kang njalari sawijining pawongan nggunakake kesempatan(aji mumpung) kanggo kepentingane dhewe tanpa ngelingi sak padhane urip. Kesempatan kasebut ing ndhuwur bisa maujud drajat, pangkat, bandha donya, panguwasa, ilmu linuwih, kebagusane rupa lan liyane.

Ing donya Eropa utawa dunia barat uga nduweni sanepa “power tends to corrupt” kang nduweni teges yen kuwasa bisa njalari wong kang nyekel kuwasa kuwi nylewengake kekuwasaane kanggo kepentingane pribadhi lan ngianati marang wong kang ngamanati .
Wong urip mono kudu tansah eling marang kang nitahake urip ing alam donya, kudu
tansah mawas marang sangkan paraning dumadi. Seko ngendi bibit kawite urip, ana
ngendi saiki dumunung lan papan ngendi kang tembene bakal dituju. Kahanan kang
bisa direngkuh ora kena njalari lali marang kodrate minangka kawulane Gusti.
Kanthi mengkono sifat aja dumeh bisa njalari wong tansah eling marang asal-usule,
sahengga ora nglali yen apa kang diduweni mung minangka titipan utawa amanate
kang gawe urip. Sikep ini bisa nyurung supaya manungsa tansah nyukuri
peparingane Gusti, kanthi nggunakake peparingane mau kanggo nyengkuyung
kewajibane minangka khalifahe Gusti ing alam donya, kang nduweni kewajiban
memayu hayuning bawana.
Kahanan urip kang dilakoni manungsa kena digambarake kaya dene
cakramanggilingan utawa rodha kreta, kang ana sakperangane rodha sakwijining
wektu mapan ing dhuwur nanging ing kala wektu liyane ganti mapan ing ngisor.
Urip mujudake ganti gumiliring nasib. Mula saka kuwi nalikane wong lagi nduweni
nasib kang apik ora kena gumedhe lan umuk marang sak padha-padha lan nalikane
ngalami nasib kang ala uga aja nglokro utawa mutung.
Kadangkala wong urip diparingi kanikmatan kang tanpa kinira. Ana ing kahanan
iki pitutur aja dumeh trep banget kanggo diamalake. Wong kudu tansah syukur lan
uga kudu loma marang sak padhaning urip, ora kena umuk lan gumedhe nanging kudu
tansah bisa sakmadya lan andhap asor.
Ana uga kahanane urip kang lagi diparingi pacoban nganti kadangkala wong sing
rumangsa ora kuwat nglakoni kahanan mau nduweni panganggep yen donyane wis
kiamat. Ngadepi kahanan mengkene, manungsa kudu tansah pasrah sumarah marang
kang gawe urip lan sabar anarima ing pandum. Manungsa kudu nduweni keyakinan
yen pacoban mau uga mujudake wujud katresnane Gusti kanggo nggembleng manungsa
supaya tatag lan tanggon anggone nglakoni uripe.
Aja dumeh ngajarake manungsa tansah mawas diri lan nduweni keyakinan kang kuat
menawa urip ing alam donya iki mung sakwetara mampir ngombe. Kabeh lelakone
urip mujudake proses kang ora langgeng lan kabeh bakale dijaluk
pertanggungjawabane mbesuk ing alam akherat.
Sifat utawa watak aja dumeh bisa diwedhar kanthi pitutur kayadene:
1.Aja dumeh kuwasa, tumindake daksura lan daksiya marang sakpadha-padha.
2. Aja dumeh pinter, banjur tumindak keblinger.
3. Aja dumeh sugih, banjur tumindak lali marang wong ringkih.
4. Aja dumeh menang, tumindake sak wenang-wenang
5. Aja dumeh bagus, banjur gumagus.
6. Aja dumeh ayu, banjur kemayu, lan sakpiturute.

“Nyawa mung gaduhan, bandha donya mung sampiran”, mengkono pituture para
winasis. Kanthi mengkono sejatine manungsa urip ing alam donya ora duwe
apa-apa. Kayadene nalika dilahirake manungsa ora nggawa apa-apa, smono uga
mengko yen wis tumeka titi wancine sowan ing ngarsa Gustine uga ora sangu
apa-apa. Dadi apa kang bisa diumukake manungsa?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar