Rabu, 11 Desember 2013

Geguritan

Geguritan: Puisi Jawa Modern


Geguritan kalebu jinis puisi Jawa Modern. Dene wujud puisi Jawa Tradisional arupa tembang, kalebu tembang macapat, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Sing kalebu tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dhandhanggula. Kalebu tembang tengahan yaiku Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. Dene tembang gedhe yaiku Girisa.


Puisi jawa sing arupa tembang kaikat dening sawenehing paugeran/pathokan. Pathokan-pathokan kang ana sajroning tembang kaya sing katulis ing ngisor iki.

a)      Guru gatra tegese cacahing gatra (baris/larik) saben satunggal pada (bait/pupuh).
b)      Guru wilangan tegese cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
c)      Guru lagu / dhong-dhing tegese tibaning swara vokal ana ing pungkasaing gatra.

Geguritan utawa geguritan juja-makjujane dianggo kanthi tujuan nyindir / nyemoni kahanan masyarakat wektu kuwi. Kajaba saka kuwi uga nduweni unsur pendidikan. Geguritan nduweni gatra kang ora tetep. Umume (biyen) gatrane kedadeyan saka wolung wanda, uga diwenehi ukara ing gatra kapisan sing unine “Sun gegurit”.

Geguritan saikiwisbeda, ngalami owah-owahan. Geguritan padaha karo puisi bebas sing ora kaiket dening cacahing baris saben bait, cacahing wanda saben gatra, uga ora kudu ana tembang “sun gegurit”, lan ora kudu bab ngandhut unsur pendidikan.

Tema kanggo geguritan iki warna-warna kayata; moral, lingkungan, katresnan, masalah sosial, lan liya-liyane. Ing ngisor iki ana tuladha geguritan sing temane asmara/katresnan.
Geguritan kuwi rinipta minangka wujud saka wedharan gagasan/rasa pangrasa pangripta.

Ana patang babagan kang kudu dimangerteni menawa arep maca geguritan, yaiku analisis situasi lan pamireng, milih geguritan, mbedah geguritan, lan latihan / gladhen.

1)      Analisis situasi lan pamireng
Tegese kanggo mangerteni kondhisi wektu arep maca puisi. Ana ngendi papane, bengi apa awan, ning jaba apa njero ruangan, piye situasine (sedhih, gumbira, serius), pamirang umure pira, agama, pendhidhikan lsp.

2)      Milih geguritan
Ana babagan kang bisa dadi tetimbangan nalika milih geguritan
  • Sifate transparan / lugas
  • Melodius – enak rima lan iramane
  • Isine geguritan diselarasake klawan situasi
  • teaterikal
3)      Mbedhah geguritan
Tegese naliti tuntas isining geguritan

4)      Latihan / Gladhen
Ana loro cara yaiku sacara ora langsung tegese nonton pawongan liya maca geguritan dene sacara langsung tegese maca kanthi vokalisasi lan ekspresif.

Komponen ana sajroning geguritan sing kudu digatekake nalika diwaca :

1-Penghayatan
Penghayatan tegese mudheng isining geguritan, munggul tembung, intonasi, lan ekspressi / mimik.

2-Vokal
Sing klebu ana vokal yaiku tembung diunekake kanthi  cetha, munggeleng tembung, lancar orane nalikaning maca, power/ketahanan nalikaning maca.

3-Penampilan
Penampilan tegese bloking, teknik, setting

Ing ngisor iki conto geguritan.



Tumuju Atimu
Dak jangkahake lakumu tumuju atimu
Aku bali suamarah kanthi pasrah
Saperlu nothog lawange atimu
            Mlebu metune hawa ing dhadha
            Isih setya tuku ngidhungake
            Langgam tresna kang tumuju mung kanggo sliramu
Nalika aku pasrah lan sumarah
Ana angin, kang bebisik lirik lan kebak asih
Tuntunen aku tumuju plataraning atimu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar