Basa Rinengga Akeh Diprangguli Ana ing Sastra Jawa Kayata Novel lan Geguritan |
Rinengga nduweni teges dipacaki, pinajang dipaesi utawa kinarawista. Kabeh mau nduweni perlu supaya dadi endah, bregas, lan ngresepake. Basa rinengga bisa uga diarani basa pajangan, basa pacakan, utawa basa bregasan. Basa rinengga mesthi wae duweni surasa kaendahan utawa kaendahaning surasane. Tegese senadyan endah,
wong liya tetep bisa
mangerteni apa kang tinulis. Sanadyan mesthi wae akeh uga basa kang endah sing
angel disurasa tegese. Basa rinengga iku asring diprangguli ana ing geguritan
utawa gancaran kang arupa cerkak, roman utawa novel.
Ana rong cara kanggo ngrengga basa,
kayata:
Sarana tinulis nganggo ukara
liya kang tetembungane luwih bregas.
- Tuladhana: kudu dikandhakake ora tan kena, aja tan ora banjur dadi basa rinengga
Ngganti tetembungan sawetara,
upamane sarana diganti tembung kawi, banjur dadi basa rinengga.
- Tuladha: tandange kaya banteng ketaton. Menawa unen-unen iku diganti tembung kawi, senadyan tegese padha karo basa lumrah, dadine tandange kadi andaka kanin.
Basa rinengga uga kerep dipranggili
ana sajroning ukara pepindhan, candra, bebasan, paribasan, ukara sesumbar,
lelewaning basa (stilistika) lan sapanunggalane.
- Tuladhane: grana ngrungih pindha kencana pinata. Ukara kasebut menawa dijlentrehake dadine kaya mangkene: manut dhapukaning diarani pepindhan, manut isine yaiku candrane irung kang wangune becik wernane kaya emas kang digilapake sarana patar, iku mau kang diarani candra. Gajah kajibah, mingkuh katempuh. Ukara iki diarani paribasan mawa basa rinengga , kang nduweni maksud : kepeksa nindakake, amarga wis kebanjur saguh.
Tuladha liyane ukara/tembung kang ora lumrah kanggo guneman ing padinan, kayata: anganti,
angkuping, ampang, angsoka, musna, lan samun. Lelewaning basa uga nganggo
basa rinengga, tuladhane: Angin anganti angkuping wengi, Ampang ngumandang,
Kembang angsoka kelangan jingga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar