Saiki wis akeh website kang nggunaake basa Jawa, salah sijine Wordpress |
Jaman saya maju, teknologi saya canggih. Budaya lokal mulai kesisih karo budaya luar, akibate akeh wong sing nglaleake budayane dewe salah saijine yaiku unggah-ungguh basa Jawa. Padahal, wong-wong luar justru lagi giyat nglestariake basa Jawa, salah sawijining carane nambahi fitur basa Jawa ana ing website-website kaya Google, Wordpress, lan sapanunggalane.
Basa Jawa sejatine dilestariake dening wong Jawa dhewe, kanthi dadi dialog saben dina. Ing ngisor iki ana tuladha dialog basa Jawa dening blogger liya:
Wiwit
Winih Tekan Sega
Minggu esuk kuwi, Nita
lan Nina lagi madhang sega wiwit ing
pinggir galengan sawahe mbah Intan. Nina ora gelem ngentekake segane, amarga
segane jemek. Banjur, Nita ngelingake
Nita
: “Eh, segamu kok ora dientekke?”
Nina : “Ora ah, segane jemek, aku ora seneng.”
Nina : “Ora ah, segane jemek, aku ora seneng.”
Nita : “Sakjane,
aku yo ra seneng. Nanging eman-eman yen dibuwang….kan mumpung gratis…”
Nina
: “Luweh, karepmu. Tak buwang
ah, segane.”
Ujug-ujug, mbah Intan
teka ing kali cilik sacedhake Nina sing lagi mbuwang sega
Mbh
Intan :
“DORRR!!
Segane aja dibuwang, Ndhuk!!!”
Nina
: “Aaaa….(kaget) mm…mboten mbah….aa. kaget aku wedi ( bisik-bisik).
Mbah Intan : “Rasah wedi ndhuk, aku ra arep nyokot kok. O iya, sega kuwi eman-eman ndhuk, aja dibuwang sakpenakmu
dhewe. Durung
mesthi lho kabeh uwong isa mangan sega”
Nina
: “Lha
pripun malih, Mbah? Kula mboten remen kaliyan seganipun.”
Mbh Intan : “Lha
iya, arepa kowe ra seneng, kowe tetep kudu ngentekake segamu, minangka pakurmatan kanggo para kadang tani kang wis ngrumat winih
pari supaya dadi sega kaya sing tok pangan
kuwi”
Nita : “Simbah
menapa purun carita urut-urutanipun menawi badhe tetanem pantun?”
Mbh
Intan :
“O, ya
ayo nang gubukku, nek nang kene terus mengko ndak dadi ireng.”
Sawise tekan ing
gubuke Mbah Intan…
Mbh Intan : “Nggarap
sawah kuwi kudu diwiwiti saka ngileni banyu utawa ngilebi. Tegese supaya sawah kang
bakal digarap lemahe dadi empuk lan gampang panggarapane.”
Nina
: “Toyanipun saking pundi, Mbah?”
Mbh
Intan :
“Ya
saka kali utawa parit cedhak sawah. Nah, kaping loro yaiku nyukoni.”
Nita : “Nyukoni menika menapa, Mbah? Kok kula dereng nate krungu?”
Mbh Intan : “Ooo… Dhasar cah modheren! Nyukoni iku maculi ing pojokan sawah lan
Nita : “Nyukoni menika menapa, Mbah? Kok kula dereng nate krungu?”
Mbh Intan : “Ooo… Dhasar cah modheren! Nyukoni iku maculi ing pojokan sawah lan
Uga pinggir
sawah kang
mepet galengan sing ora keliwatan luku.”
Nina
: “Mriki nggih, Mbah?” (ngacungi pojokan sawah kang uwis
disukoni)
Mbh Intan : “Iya, kowe bener”
Mbh Intan : “Iya, kowe bener”
Nita
: “Saksampunipun
nyukoni menika ngluku nggih, Mbah?’
Mbh Intan : “Geneya kowe ngerti ndhuk?”
Nita : “Jelas… Nita, ngaten lho, Mbah… “ :P
Mbh Intan : “Geneya kowe ngerti ndhuk?”
Nita : “Jelas… Nita, ngaten lho, Mbah… “ :P
Mbh Intan :
“Ngluku
iku nganggo piranti kang jenenge waluku, gunane kanggo malik lemah. Sabubare ngluku
yaiku nggaru supaya lemahe rata.”
Nina
: “Lajeng, tanduripun kapan, Mbah??
Mbh Intan : “Anggone tandur isih suwe. Sabanjure nggaru iku
lagi gawe winihan. Gawe winihan iku gawe papan kanggo nyebar gabah kang bakal dadi winih
lan bakal dari pari. Sabubare gawe winihan banjur nyebar winihan. Anggone nyebar winihan
ora oleh waton, kudu alon-alon lan nganggo peel… piling… opolah kuwi”
Nita
+ Nina : “Feeling, Mbah!”
Mbh Intan : “Yo kuwilah”
Nita : “Oo… Kula
sampun nate maca buku bilih caranipun
damel winihan menika pari dikum rumiyin udakara 3-5 dinten. Lajeng…”
Nina : “Dipilih ingkang mboten gabug, lajeng disebar ing papan
pawinihan. Leres, Mbah?”
Nita
: “Huu…nglemah bengkah!”
Nina :
“Yoben! Sakkarepku tha! Perkara ? Masalah nggo kowe??!!”
Mbh Intan : “Uwis
ndhuk, kowe wong loro pancen puinteer… Terus
winihe dienteni nganti thukul utawa ijo. Bar kuwi, parine dijabut lan diresiki lemahe, nanging
aja nganti oyote pithil. Kuwi diarani
ndhaut.”
Nita : “Lajeng
winihipun sampun saged dipuntandur, Mbah ???”
Mbh Intan :
“Urung,
sabubare ndhaut, winih ditaleni satekem-satekem
lan di delehake ing saben kotakan sawah
kanga rep di tanduri pari, jenenge mbanjari.”
Nina : “Gunanipun
mbanjari menika menapa, Mbah?”
Mbh Intan : “Gunane supaya para kadang tani anggone nandur
pari ora kadohan anggone njipuk winih.”
Nita :
“Nah, saksampunipun mbannjari menika tandur nggih, Mbah?”
Mbh Intan : “Ho’o saiki kowe lagi bener nduk...”
Nina : “Lagi pas wae kuwi” :P (mrengut)
Nita
: “Ora yo!
Kan wes tau diomongi bu guru… Yee
nggondhuk”
Mbh Intan :
“Hush, uwis-uwis. Sakwise di tandur, pari
dienteni nganti kuning. Nalika ngenteni parine kuning, pari dirabuk lan diwenehi obat anti ama
sing alami.”
Nina :
“Menawi
ngagem obat saking
pabrik menika pripun, Mbah?”
Mbh Intan :
“Kuwi
yo rapopo, nanging obat pabrik kuwi akeh zat-zat kimia sing ora apik kanggo
lingkungan sekitar. Nah
saiki wis reti tha, rekasane para kadang tani anggone nandur pari. Mulane aja seneng mbuangi sega,
sapa ngerti barokahe ana ing sego sing arep di buang mau.”
Nita : “Haa, kaya aku iki lho ratau mbuangi sega,” :P
Nina :
“Yo, karang kowe ki ngirit banget dadi apa wae tok
pangan.”
Mbh Intan :
“Wis-wis
ra ribut, aku tak ngarit dhisik, duwe tanggungan sapi je, kae lho
si Sally.”
Nita : “Matur nuwun nggih mbah, cariosipun, mugi-mugi
saged migunani”
Mbh Intan : “Yo pada-pada,
tak ngarit sikik ya ndhuk”
Nina
& Nita : “Nggih, Mbah”
Nita : “Wis saiki lek dintekke segane”
Nina :
“Yoh, tur malah wis ademe, soyo raenak”
Nita : “Yo kene takpangane wae”
Nina : “Aaaa, kemaruk kowe ki, yo rapopo ding. Mbangane
tak buang”
Nita : “Kene”
sumber dialog: http://nita-niichan.blogspot.com/2013/03/contoh-dialog-bahasa-jawa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar