Rabu, 11 Desember 2013

Wangsalan



 
Wangsalan: Awujud Cangkriman, Dibedhek Dhewe
Wangsalan yaiku unen-unen kang awujud cangriman kang batange ana ing njero unen-unen kuwi. Wangsalan dianggo ana pacelathon saben dinane.
 
Tuladha wangsalan :

  • Wah, kok njamur gunung, kadingaren njenengan tindak mrene.

          (jamur gunung = aren : kadingaren)

  • Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-negesi barang

          (ngrokok cendhak = tegesan; neges-negese)

  • Aja njenang gula, lho, le, yen diutus ibu; mengko kowe lali

          (jenang gula = glali : lali)

  • Esuk-esuk kok wis nggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras.

          (godhong garing  = klaras; nglaras)

  • Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti yen disapa.

          (balung klapa = bathok = ethok-ethok

Tidak ada komentar:

Posting Komentar