Rabu, 11 Desember 2013

Parikan

 
Parikan, Puisi Lawas Kabudayaan Jawa

Parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun kilat. 


Ciri-cirining parikan :

1)      Nduweni purwakanthi ab-ab.

2)     Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi.

3)     Endhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.

4)     Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.


Tuladha parikan sing pedhotan 4 – 4, 4 – 4 



Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4 ======= Sampiran)

pitutur

Dadi murid, sing taberi      (4 – 4 ======= Isi) 



Jemek-jemek, gula jawa (4 – 4 ======== Sampiran)

pitutur

Aja ngenyek, padha kanca (4 – 4 ======  Isi) 



Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4 ====== Sampiran)

pitutur

Yen sinau, dadi pinter       (4 – 4 =======  Isi)




Tuladha pedhotan 4 – 8, 4 – 8 : 



Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 – 8)

pitutur

Watak putrid, kudu titi ngati-ati (4 – 8 ) 



Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 – 8)

pitutur

Lamun sabar, bisa lejar serta binger (4 – 8) 



Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 – 8)

pitutur

Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur (4 – 8) 



Esuk nakir sore nakir (8) 

Sing ditaksir godhong ploso (8)
Nyemoni

Esuk mikir sore mikir (8)

Sing dipikir ora krasa (8)



Jangan kacang jangan kara (8)
Kaduk uyah kurang gula (8)

pitutur

Piwelingku mring pra mudha (8)

Aja wedi ing rekasa (8)


Yen kembang kembang cempaka (8)
Dudu kembang arum dalu (8)

Pitutur

Mumpung sira isih mudha (8)

Den asregep ngudi ngelmu (8)



Tembang ing ngisor iki nganggo ukara-ukara kang ngandhut parikan . Coba golekana parikane!









JAMBU  ALAS

Kelingan manis eseme

Trus kelingan ramah gemuyune

Tresna lan kasih, kasih sayange

Kapan iku klakon dadi bojone

Sayangewisduwe bojo

….

Nelangsa rasaning ati

Yen aku ra klakon melu nduweni

Jambu alas sakulite ijo

Sing digagaswisduwe bojo

Adagula ada semut

Durung randha aja direbut

….

Jambu alas manis rasane

Senajan tilas tak enteni randhane

….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar