Kamis, 12 Desember 2013

Sesorah

Sesorah: Macaake Gagasan ing Sangarepe Wong Akeh


Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi singwis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.

Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau lan seneng gladhen.

Jinising Sesorah
1- Sesorah kanthi cara apalan/memoriter

Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocahh-bocah sing nembe ajar pidhato.
2- Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip

Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi.  Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tjuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara sarasehan utawa temu wicara.
3- Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu

Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.
4- Sesorah kanthi cara ekstemporan

Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana ing sangareping muride.


Sangunipun Juru Sesorah
  • Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
Juru pamedhar sabda  kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta wani caos tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan kuwi kudune nduweni dhasar utawa landhesan ora amung waton ngomong.  Mula  kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.
  • Nduweni Rasa Wani
Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga kalah prabawa karo pawongan sing diadhepi. Apamaneh yen sing diadhepi kuwi nduweni prabawa lan kepinteran kang luwih.
  • Patrap utawa sikep
Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora ingah-ingih, apamaneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan kepara lendhetan cagak. Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana sajroning ngayahi wajib/jejibahan uga dadi pasugatan mungguhing para tamu.ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan gumantung uga saka paraga kasebut.

Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah bawa, tindak-tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning pasuryan katon sumriingah anengsemake amarga swasanane nyenengake.
  • Busana lan ngadi sarira
Tegese nalika nindakake ayahankuwi busana utawa ageman lan ngadi sarira kudu diselarasake kahanan.
  • Basa lan sastra
Basa minangka piranti utawa sarana lelantaran, sesambungan utawa lung-tinampa karo para tamu utawa sing ngrungokake, mula saka kuwi basane ora basa ndakik-ndakik sing ora dimangerteni dening sing ngrukokake, ananging basa sing gampang dimangerteni wong akeh. Dene basa sing trep uga basa sing bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp. Ringkesing basa kudu sing komunikatif, tegese kudu ngilingi:
  • Sapa sing ngajak guneman;
  • Sapa sing diajak guneman;
  • Sapa sing diomonggake;
  • Swasananing nalikaning guneman;
  • Padha mangerteni sing diomongake.
Cengkorongan Sesorah

1. salam pambuka
2. atur puji syukur marang Pangeran
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhi)
6. panutuping atur/salam


Ing ngisor iki ana sesorah utawa sabda tama (ular-ular) ana tata cara temanten jawa


Sabta Tama (Ular-Ular) Pahargyan Panganten

Assalamu’alaikun Wr.Wb
 
Alhamdulillahirabbil’alamiin, washolaatu wassa laama’ala asysyrofil ambiyaaki wal mursaliin, wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in. Ama ba’du.
 
Nuwun!
 
Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen.
 
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarrsana.
 
Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan saha kalodhangan saengga kula sadaya saged anjenengi ing ratri/siang menika kanthi winantu ing suka basuki lumintua ing salami-laminipun. Amin.
 
Salajengipun saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulak sarik, dene kula kumantun lumaraping atur saengga ngirangi kamardikan panjenengan sadaya ingkang nedheng eca wawan pangandikan.
 
Nuwun, inggih awrat mundhi panyuwunipun adhi kula pun Drs. Harjuna Sasrabahu sekalian, lumantar sedherek Panata Laksita supados paring sabta tamanutawa ular-ular risang penganten sarimbit. Pancenipun awrat amargi dereng drajatkula supados ngaturi ular-ular menika.
 
Suka wawasan prayoginipun bebrayan utawi ambyurr ing samodraning bebrayan agung jer senadyan kula ing prekawis panggulawentah saestu kantun kalitan nakmas penganten kekalih, ananging prekawis pangalaman kula langkung sepuh sarta langkung rumiyin anggenipun bebrayan, mesthiniipun langkung kathah pengalaman sarta seserapanipun prekawis meniika.
 
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh menapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang luhuring budi, keparenga sami paring pangestu dhumateng kula, supados saged dumugining sedya anggen kula amakili panjenengans adaya, suka wawasan tumrap theg kliweranipun ngambah bebrayan agung menika.
 
Anakmas temanten kekalih ingkang manggih bagya mulya.
 
Gegaran tumrap gesang bebrayan menika kedah nindakaken Ma lima, inggih menika saking tembung mlumah, mengkurep, modot, mlebu, lan metu.
Saderengipun kula njlentrehaken, sasampuna panjenengan sampun sami gumujeng sarta kagungan penggalihan bilih tembung-tembung kasebut mengku teges lekoh utawa saru.
 
Mlumah menika werdinipun nglumahaken tangan, tegesipun remen makarya utawi nyambut damel, minangka lantaran nyenyadhong dhateng Gusti Allah SWT dhawahing rezeki saking panjengan-Ipun.
Sadamel-damelipun dipun tlattosi satemah  ing samangkenipun nggadhahi kesagedan ing satunggaling prekawis, dados nyambut damel menapa kemawon sageda sampun ngantos gontas-gantos pedamelan , ananging salah satunggal dipun antepi sarta dipun udi/dipun redi ingkang saestu.
 
Mengkurep , tiyang gesang ing alam donya menika remena dhateng weweh utawi tetulung dhateng tiyang sanes, lan suthik pikantuk pangalembana. Kanthi mekaten menawi weweh utawi damel kesaenan dhateng tiyang sanes kaumpamekaken nyimpen sekar ing lemantun wesi, kuncinipun lemantun wau tiyang sanes ingkang bekta sarta bikak, sampun ngantos awkipun piyambak  ingkang mbikak. Menawi ingkang mbikak lemantun (kesaenan) wau tiyang sanes makaten  gandanipin nggambar arum boten badhe ical-ical.
 
Modod , menika tegesipun sami kaliyan mulur werdinipun tiyang gesang ing alam donya menika kedah tansah mulur utawi kreatif nalaripun manut kemajenganing jaman. Samenika jaman globalisasi, tegesipun jagad ingkang wiyar menika wates-watesipun sampun ical, temahan tiyang sadonya menika saged pados panggesangan ing pundi papan. Kanthi mekaten gesang ing samangke tansaya awrat sesanggenipun, amargi sami lomba kaliyan warga negari manca, boten namung kaliyan warga sanagari. Pramila supados saged gesang ingkang remen kedah jembar wawasanipun satemah gadhah pambudi daya kreatif.
 
Mlebu, tegesipun saget nampi kemajengan, sedaya ilmu saha ketrampilan, kesagedan menapa kemawon ingkang loyogipun dhateng kesaenan kedah dipuntampi kanthi lila legawaning manah. Upami satunggaling pawongan ingkang pakaryanipun dados pradangga mangka wekdal samangke sampun awis-awis sanget tiyang kagungan kersa utawi gadhah damel sami nggelar gangsa, pramila pawongan mau kedah kupiya pados padamelan sanes minangka sagaking gesang, ugi saged nampi saha purun boten purun nampi kemajengan seni campur sari inggih menika nggabungaken gangsa kaliyan pirantos musik elektronik lsp.
 
Metu, werdinipun sedaya kesagedan, ngelmi saha ketrampilan ingkan dipungadhahi kedah dipuntindakaken kepara dipuntularaken tiyang sanes. Jer nularaken ngelmi menika ngamal ingkang sae sanget lan pikantukipun lelintu ganjaran sadangunipun ngelmi ingkang dipuntularaken.
Sampun ngantos wegah utawi gadhah ngelmi nanging boten kaamalaken kados ungel-ungelan jarik lawas ing sampiran”, tegesipun ngelminipun muspra boten dipun ginakaken menapa malih dipun tular-tularaken.
Mekaten, atur wawasan ingkang saged kula aturaken mugiia wonten mupangatipun, menawi mekaten menika inggih awit peparingipun Pangeran ingkang amurba amisesa, ananging menawi kathah tuna dungkap menika inggih awit saking cubluk lan cupeting ppemanggih kula.
 
Wasana jenang sela wader kali sesonderan , apuranta yen wonten lepat kawula.
 
Akhirulkalam, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

saka sumber: ngleluribasajawa.wordpress.com
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar