Kamis, 12 Desember 2013

Sanepa

Sanepa Iku Unen-Unen Mbangetake Nanging Nganggo Tembung Kosok Baleke




Sanepa yaiku unen-unen bangsane pepindhan, angemu surasa mbangetake, nanging nganggo tembung sing tegese kosok balek karo karepe.


Tuladha :
 
Ambune arun jamban = ambune banger banget
Awake kuru aking = awake kuru banget
Balunge atos debog = balunge empuk banget
Barang aji godhong garing = barange ora aji babar pisan
Bobote abot kapuk = bebeote abot merang segedheng = bobote entheng banget
Cahyane abang dluwang = cahyane pucet banget
Dedege dhuwur kencur = dedege cendhek banget
Enggale suwe banyu sinaring = wektune cepet banget
Eseme pait madu = eseme manis banget
Kawruhe jero tapak meri = kawruhe sethitik
Tatune arang kranjang = tatune kaeh banget
Kulite wuled gedhong lumbu = kulite mbedhel banget
Lemune banjo tampah = lemune bunder banget
Pekulitane kuning silit kwali = pakulitane ireng banget
Pamadenge kadhep tesmak = pamandhenge njinggleng
Pikirane landhep dengkul = pikirane bodho banget
Playune lonjong botor = playune banter banget
Playune rindhik asu digithik = playune banter banget
Polehe enteng kitiran = polehe rogeh banget
Rasane legi bratewali = rasane pait banget
Rembuge peret beton = rembuge peret banget
Sesrawungan renggang gula = sesrawungange raket banget
Tembunge pait madu = tembunge manis banget
Tembunge resik peceren = tembunge rusuh banget
Ulate bening leri = ulate mrengut/mbesengut banget.
Utenge arang wulu kucing = utange akeh banget
Wektune suwe mijet suwe wohing ranti = wektune sedhela banget
Wujude agal glepung = wujude lembut banget
Adheme njengkut = adhembanget
Petenge dumuk irung = peteng banget
 
Carane gawe tuladha sanepa

a) Damela tembung asalipun kadosta ; “mripat”
b) Tembung ingkang kalih, tembung kosok balen; “merem”
c) Tembung sakbanjure uga tembung kang gadhahi sipat kosok balen; “iwak”
d) Karengken dados “ mripate merem iwak” tegese (mripate melek wae).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar