Rabu, 11 Desember 2013

Paragraf




Nggawe  sawijining paragraf kalebu  sajroning ketrampilan nulis sing ora saben pawongan diduweni. Ketrampilan nggawe paragraf bisa saya ngrembaka menawa disinaoni lan dilatih kanthi teratur. Ketrampilan nyusun ukara siji lan sijine saengga nduweni teges kang gumathok ora teka / bisa tanpa disinaoni, tanpa dilatih,  mula saka kuwi, nglatih/gladhen terus-terusan/ora kendhat nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan nguwasani nulis paragraf.


Sawijining paragraf biasane kedadeyan saka pirang-pirang ukara. Ukara –ukara ana sajroning paragraf kudune sinambungan antaraning ukara siji lan sijine. Ukara-ukara sing dumadi nyengkuyung sawijining tema / topik.


Tema / topik panggonane ana sajroning ukara pokok dene ukara-ukara liyane nduweni sifat njelasake/mbeberake ukara pokok. Ukara sing ngandhut gagasan pokok dijenengake ukara  pokok, dene ukara sing ngemot gagasan panjelas diarani ukara panjelas.


Wujuding paragraf ditilik saka panggonane ukara pokok ana papat yaiku :


1.  Paragraf Deduktif

Paragraf sing ukara pokoke ana ngarepan diarani paragraf deduktif. Paragraf jinis iki paling gampang digawe. Ana sajroning bagan paragraf deduktif digambarake kaya ing ngisor iki


                                                                   K  u   /   u    P
      K P1  / U  Pj1
                            K P2  / U  Pj2
                                                 K  P 3   / U  Pj 3
                                                                           K P 4  /  U  Pj4
                                                                                                      K  P 5   / U Pj 5


Ketrangan : K u  /  Up   : Kalimat utama / Ukara pokok

Kp  /  Upj            : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas


Tuladha :

Ana ing sahwening masyarakat kita melu rumangsa prihatin yen ta seni musik keroncong saiki wis langka. Kesilep ana ing jagading seni modern sing mekar ana ing laladan Tanah Air. Bupati Pati H. Tasiman SH uga melu ngrasakake kahanan iki. Nalika paring sesorah ana ing pengeten HUT Himpunan Artis Keroncong Musik Indonesia (Hamkri) Cabang Kabupaten Pati sing sepisanan durung suwe iki, ngandharake seni keroncong saiki wis ora kaya dhek jaman dhisik maneh ……

Ukara pokok paragraf ing ndhuwur, “Ana ing sahwening masyarakat kita melu rumangsa prihatin yen ta seni musik keroncong saiki wis langka.” Dene ukara candhake arupa ukara panjelas.


2.  Paragraf Induktif

Paragraf jinis iki walikane paragraf deduktif. Ukara pokoke ana ing pungkasaning paragraf. Ukarane diwiwite saka bab-bab sing asipat mligi/khusus tumuju klimaks, yaiku generalisasi. Nggawe paragraf jinis iki rada kangelan, nanging cocok tur mathuk kanggo nulis prosa argumentasi

Yen dibaganeke, paragraf induktif kaya ing ngisor iki 


                             K  p1   /   u    Pj1
      K P2 / U  Pj2
                            K P3  / U  Pj3
                                                 K  P 4   / U  Pj 4
                                                                           K P 5  /  U  P5
                                                                                                      K  P 6   / U P 6
                  KU / Up


Ketrangan : K u  /  Up   : Kalimat utama / Ukara pokok

Kp  /  Upj            : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas


Tuladha :

Supaya komunikasi kuwi kedadeyan / lumaku kanthi apik, saka kalorone (pihak sepisan lan kapindho) merlokake basa sing dianggo bebarengan. Wujude basa mau arupa swara. Swara kuwi diasilake saka alat wicarane manungsa. Kanthi mangkono bisa dikandhakake swara kuwi alat sing ngleksanani basa.

Ukara pokok paragraf ing ndhuwur yaiku,” kanthi mangkono bisa dikandhakake swara kuwi alat sing ngleksanani basa.”


3.  Paragraf repetitif

Paragraf sing ukara pokoke ana ngarep dalah ana pungkasaning paragraf diarani paragraf repetitif. Ukara pokoke ana ing ngarep banjur dibaleni ana ing mburi minangka kasimpulan. Gagasan pokok diwujudake ana rong ukara, sing kalorone ukara mau meh memper / ora padha persis.

Yen digambarake kanthi bagan, kaya ing ngisor iki 


                                                       K  u   /   u    P
      K P1  / U  Pj1
                            K P2  / U  Pj2
                                                 K  P 3   / U  Pj 3
                                                                           K u  /  U  P


Ketrangan : K u  /  Up   : Kalimat utama / Ukara pokok

Kp  /  Up : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas


4.  Paragraf Deskriptif

Ukara pokok paragraf deskriptif ditemokake ana sakabehing perangan paragraf. Dadi, saben ukara sing nyengkuyung dumadine paragraf diarani ukara pokok. Sakabehing ukara sing ana nduweni kawigaten kang padha, kanthi bebarengan nyawiji dadi siji paragraf kang gemolong. Paragraf deskriptif akeh banget dianggo ana sajroning prosa narasi.  Mula saka kuwi, paragraf deskriptif uga diarani paragraf naratif.
 
Bagan paragraf deskriptif.


                                         K  u   /   u    P
                       K u  /  u P
                                     K  u   /   u    P
                                                            K  u   /   u    P


Tuladha :

Pandhu ngungun. Mentale rubuh. Dheleg-dheleg ana ngomah. Ora wani metu. Ora wani nyang kantor desa. Semono uga Marsiti. Dheweke rumangsa isin, wirang. Sing tumindhak luput. Pandhu, kang nampa akibate wongng saomah. Nastiti malah nganti emoh sekolah. Patrape sing kaya wong pengung saya nemen.


Saka patang paragraf ana ndhuwur sing biasa dianggo yaiku paragraf deduktif  & induktif.

Dene nulis paragraf yen ditilik saka cara mbabarake isining paragraf kabagi wacana narasi, wacana deskripsi, wacana eksposisi, wacana argumentasi, lan wacana persuasi. Ing ngisor iki diwedharake paragraf jinis eksposisi, deskripsi lan narasi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar