Nyemak Iku Wujud Komunikasi |
Nyemak tegese sawijining proses
kegiyatan ngrukokake lambang-lambang lesan kanthi wigati, nduweni pemahaman,
apresiasi, sarta interpretasi kanggo entuk informasi, pesen, sarta
paham tegese komunikasi sing diwedharake dening wong sing ngomong kanthi
piranti basa lisan.
Nyemak wacan nonsastra ing piwulang
basa jawa bisa arupa nyemak wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak crita. Nyemak
wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak crita kalebu nyemak intensif. Tegese
nyemak kang dilakoni kanthi tumemen lan konsentrasi sing mirunggan kanggo
mangerteni teges sing ana. Dene menawa dijlentrehake maneh kalebu nyemak
intensif-konsentratif. Awit, ana ing nyemak wara-wara, wong kang nyemak ngupadi
bab-bab informasi sing penting. Supaya anggone nyemak mikolehi asil kang
dikarepake ana babagan penting kang kudu ditindakake wong kang nyemak.
- nyiapake fisik lan mental, tegese kahanane sehat, ora kesel, mental stabil lan pikirane padhang
- konsentrasi, tegese musatake perhatian lan pikiran tumuju marang apa kang disimak
- motivasi, tegese nduweni tujuwan tertemtu kang pingin digayuh
- objektif, tegese mangerteni saben thek-kliwere apa kang disemak
- nyemak kanthi wutuh, tegese nyemak sakabehe, ora perangane wae
- selektif, tegese tansah milih perangan penting bab bahan semakan
- ora gampang keganggu swara-swara saka njaba
- ngregani pawongan sing ngendikan, ora ngremehake
- rikat anggone mangerteni kahanan (menyesuaikan dhiri)
- ora emosional, ora ngenyek pawogan sing ngendikan,
- kontak kalawan pawongan sing ngendikan
- ndamel rangkuman
- mbiji materi ingkang ingendikakake
- maringi tanggapan/reaksi/komentar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar