Kamis, 09 Januari 2014

Dialog Basa Jawa

Saiki wis akeh website kang nggunaake basa Jawa, salah sijine Wordpress

Jaman saya maju, teknologi saya canggih. Budaya lokal mulai kesisih karo budaya luar, akibate akeh wong sing nglaleake budayane dewe salah saijine yaiku unggah-ungguh basa Jawa. Padahal, wong-wong luar justru lagi giyat nglestariake basa Jawa, salah sawijining carane nambahi fitur basa Jawa ana ing website-website kaya Google, Wordpress, lan sapanunggalane.


Basa Jawa sejatine dilestariake dening wong Jawa dhewe, kanthi dadi dialog saben dina. Ing ngisor iki ana tuladha dialog basa Jawa dening blogger liya:

Wiwit Winih Tekan Sega
Minggu esuk kuwi, Nita lan Nina  lagi madhang sega wiwit ing pinggir galengan sawahe mbah Intan. Nina ora gelem ngentekake segane, amarga segane jemek. Banjur, Nita ngelingake
Nita                 :   “Eh, segamu kok ora dientekke?
Nina
               :   “Ora ah, segane jemek, aku ora seneng.
Nita                 :   “Sakjane, aku yo ra seneng. Nanging eman-eman yen dibuwang….kan mumpung    gratis…
Nina                :   “Luweh, karepmu. Tak buwang ah,  segane.”
Ujug-ujug, mbah Intan teka ing kali cilik sacedhake Nina sing lagi mbuwang sega
Mbh Intan      :   DORRR!! Segane aja dibuwang, Ndhuk!!!”
Nina                :   Aaaa….(kaget) mm…mboten mbah….aa. kaget aku wedi ( bisik-bisik).
Mbah Intan    :  “Rasah wedi ndhuk, aku ra arep nyokot kok. O iya, sega kuwi eman-eman ndhuk, aja dibuwang            sakpenakmu dhewe. Durung mesthi lho kabeh uwong isa mangan sega
Nina                :  “Lha pripun malih, Mbah? Kula mboten remen kaliyan seganipun.”
Mbh Intan      :  “Lha iya, arepa kowe ra seneng, kowe tetep kudu ngentekake segamu, minangka   pakurmatan kanggo para kadang tani kang wis ngrumat winih pari supaya dadi sega kaya sing tok pangan kuwi
Nita                 :   “Simbah menapa purun carita urut-urutanipun menawi badhe tetanem pantun?
Mbh Intan      :   “O, ya ayo nang gubukku, nek nang kene terus mengko ndak dadi ireng.
Sawise tekan ing gubuke Mbah Intan…
Mbh Intan      :   “Nggarap sawah kuwi kudu diwiwiti saka ngileni banyu utawa ngilebi. Tegese supaya sawah            kang bakal digarap lemahe dadi empuk lan gampang panggarapane.
Nina                :   “Toyanipun saking pundi, Mbah?
Mbh Intan      :   “Ya saka kali utawa parit cedhak sawah. Nah, kaping loro yaiku nyukoni.
Nita                 :   Nyukoni menika menapa, Mbah? Kok kula dereng nate krungu?
Mbh Intan      :   “Ooo… Dhasar cah modheren! Nyukoni iku maculi ing pojokan sawah lan    
                        Uga pinggir sawah     kang mepet galengan sing ora keliwatan luku.
Nina                :   “Mriki nggih, Mbah?” (ngacungi pojokan sawah kang uwis disukoni)
Mbh Intan      :   “Iya, kowe bener
Nita                 :   “Saksampunipun nyukoni menika ngluku nggih, Mbah?
Mbh Intan      :   “Geneya kowe ngerti ndhuk?
Nita                 :   “Jelas… Nita, ngaten lho, Mbah… :P
Mbh Intan      :   “Ngluku iku nganggo piranti kang jenenge waluku, gunane kanggo malik lemah. Sabubare            ngluku yaiku nggaru supaya lemahe rata.
Nina                :   “Lajeng, tanduripun kapan, Mbah??
Mbh Intan      :   Anggone tandur isih suwe. Sabanjure nggaru iku lagi gawe winihan. Gawe winihan iku gawe            papan kanggo nyebar gabah kang bakal dadi winih lan bakal dari pari. Sabubare gawe winihan          banjur nyebar winihan. Anggone nyebar winihan ora oleh waton, kudu alon-alon lan nganggo   peel… piling opolah kuwi
Nita + Nina     :   “Feeling, Mbah!
Mbh Intan      :   “Yo kuwilah”
Nita                 :   “Oo… Kula sampun nate maca buku bilih caranipun  damel winihan menika pari dikum rumiyin           udakara 3-5 dinten. Lajeng…
Nina                :   Dipilih ingkang mboten gabug, lajeng disebar ing papan pawinihan. Leres, Mbah?
Nita                 :   Huu…nglemah bengkah!
Nina                :   “Yoben! Sakkarepku tha! Perkara ? Masalah nggo  kowe??!!
Mbh Intan      :   “Uwis ndhuk, kowe wong loro pancen puinteer… Terus winihe dienteni nganti thukul utawa ijo.            Bar kuwi, parine dijabut lan diresiki lemahe, nanging aja nganti oyote pithil. Kuwi diarani ndhaut.
Nita                 :   “Lajeng  winihipun sampun saged dipuntandur, Mbah ???
Mbh Intan      :   “Urung, sabubare ndhaut, winih ditaleni satekem-satekem lan di delehake ing saben kotakan            sawah kanga rep di tanduri pari, jenenge mbanjari.
Nina                :   “Gunanipun mbanjari menika menapa, Mbah?
Mbh Intan      :   “Gunane supaya para kadang tani anggone nandur pari ora kadohan anggone njipuk winih.
Nita                 :   “Nah, saksampunipun mbannjari menika tandur nggih, Mbah?
Mbh Intan      :   “Ho’o saiki kowe lagi bener nduk...
Nina                :   “Lagi pas wae kuwi” :P (mrengut)
Nita                 :   “Ora yo! Kan wes tau diomongi bu guru… Yee nggondhuk
Mbh Intan      :   “Hush, uwis-uwis. Sakwise di tandur, pari dienteni nganti kuning. Nalika ngenteni parine            kuning, pari dirabuk lan diwenehi obat anti ama sing alami.
Nina                :   “Menawi ngagem obat saking pabrik menika pripun, Mbah?
Mbh Intan      :   “Kuwi yo rapopo, nanging obat pabrik kuwi akeh zat-zat kimia sing ora apik kanggo lingkungan     sekitar. Nah saiki wis reti tha, rekasane para kadang tani anggone nandur pari. Mulane aja     seneng mbuangi sega, sapa ngerti barokahe ana ing sego sing arep di buang mau.
Nita                 :   Haa, kaya aku iki lho ratau mbuangi sega,” :P
Nina                :   “Yo, karang kowe ki ngirit banget dadi apa wae tok pangan.
Mbh Intan      :   Wis-wis ra ribut, aku tak ngarit dhisik, duwe tanggungan sapi je, kae lho si Sally.”
Nita                 :   “Matur nuwun nggih mbah, cariosipun, mugi-mugi saged migunani
Mbh Intan      :   “Yo pada-pada, tak ngarit sikik ya ndhuk
Nina & Nita     :   “Nggih, Mbah
Nita                 :   “Wis saiki lek dintekke segane
Nina                :   “Yoh, tur malah wis ademe, soyo raenak
Nita                 :   “Yo kene takpangane wae
Nina                :   “Aaaa, kemaruk kowe ki, yo rapopo ding. Mbangane tak buang
Nita                 :   “Kene  

sumber dialog: http://nita-niichan.blogspot.com/2013/03/contoh-dialog-bahasa-jawa.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar