Rabu, 11 Desember 2013

Maca Cepet (Skimming)

Maca Cepet Iku Ora Mung Angger Rampung


Carane maca cepet ora mung angger rampung. Ukarane dietung saben menit bisa maca pirang tembung. Para pinter gawe dudutan urutan maca cepet (nanging sing diwaca basa Indonesia dudu basa Jawa) tumrap siswa mangkene.

· Siswa SD/SMP kudune 200 tembung saben menit.
· Siswa SMA kudune 250 tembung saben menit
· Mahasiswa kudune 325 tembung saben menit
· Pasca Sarjana kudune 400 tembung saben menit
Cobo yen basa Jawa kowe bisa pirang tembung saben menite ? Etungen kanthi rumus :
KM= J Katrangan : KM : Cepete Maca
WM J: Tembung sing kewaca
WM : Wektune sing dibutuhake maca

Ing ngisor iki cara-cara kanggo maca cepet :
1. Saben maca ora saben tembung, nanging sakelompok tembung.
2. Aja mbolan-mbaleni tembung utawa ukara sing wis diwaca
3. Aja kesuen mandheg sangarepe ukara
4. Ora digagas tembung-tembung kayata : ing, saka, marang, lan sapanunggalane
5. Tanpa ngetokake swara saka cangkem (lambene ora obah)
6. Ora gedhag-gedheg sirahe ngetutake dawane ukara
7. Pandelenge mripat ndhisiki tinimbang kedaling lambe
8. Tembung sing angel / basa manca ditinggal dhisik
9. Golekana kuncine tembung ing sajrining ukara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar