Rabu, 11 Desember 2013

Tembang Macapat

 
Tembang Megatruh, Macapat sing Mbabarake Rasa Susah

Macapat ditegesi maca papat-papat tegese macane papat-papat, saben pamunggele tembung kedadeyan saka patang wanda. Ananging iki dudu siji-sijine teges.. salah sawijining pakar Sastra Jawa, Arps, negesi macapat kanthi teges-teges kang maneka warna kaya kang kapacak ana bukune kang asesirah Tembang in two traditions.
 
Kajaba saka kuwi, -pat ngrujuk marang  panandha  diakritis (sandhangan) ana sajroning aksara Jawa kang jumbuh lan mathuk ana sajroning tetembangan  macapat. Miturut  Serat Mardawalagu, sing dianggit dening Ranggawarsita, macapat kuwi saka singkatan frasa maca-pat-lagu sing tegese nembangake lagu kang angka papat “melagukan nada keempat”. 

Kajaba  maca-pat-lagu, isih ana maneh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu. Maca-sa kalebu maca lagu utawa tembang kang paling tuwa, miturut ujaring kandha diripta dening para Dewa lan diturunkan marang pandita Walmiki lan digandhakake dening sang pujangga istana Yogiswara saka Kediri. Maca-sa saiki diarani tembang gedhé. Maca-ro kalebu  tembang gedhé kang gunggunge pada saben  pupuh bisa kurang saka papat, lan gunggunge wanda saben gatra ora kudu padha. Maca-tri utawa kategori angka telu yakuwi tembang tengahan kang miturut ujaring kandha diripta dening Resi Wiratmaka, pandita istana Janggala lan kasampurnakake dening Pangeran Panji Inukartapati lan sadulure. Pungkasane, macapat utawa tembang cilik diciptakake dening Sunan Bonang lan diturunake marang para wali.
 
Sejarah macapat

Sacara umum macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan kawiwitan antuk pangaribawa saka Walisanga. Kahanan iki mligi ana ing Jawa tengah, dene  ing Jawa Timur lan Bali macapat wis ditepungi sadurunge Islam teka ing laladan Jawa. Tuladhane ana sawijining naskah saka Bali atau Jawa Timur kang asesirah Kidung Ranggalawé kang tinulis ing tahun 1334 Masehi.

Struktur macapat

Sawijing  karya sastra macapat biasane kaperang dadi pirang-pirang pupuh. Saeben pupuh kaperang dadi pirang-pirang pada. Saben pupuh migunakake utawa struktur kang padha. Metrum iki gumantung saka watak isi teks kang diceritakake.

Gunggunge  pada saben pupuh beda-beda, gumantung marang gunggunge naskah kang digunakake. Sabanjure saben pada kaperang dadi  larik utawa gatra. Sabanjure saben gatra kaperang  wanda. Saben gatra nduweni wanda kang tetep lan dipungkasi dening vocal kang padha.

Tabel macapat

Supaya luwih gampang mbedakake antaraning guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka  tembang-tembang kuwi, saben metrum ditata ana sajroning table ing ngisor iki.


Metrum
Gatra
I
II
III
IV
V
VI
VII
VIII
IX
X
Tembang cilik / Sekar alit
Dhandhanggula
10
10i
10a
7u
9i
7a
6u
8a
12i
7a
Maskumambang
4
12i
6a
8i
8a






Sinom
9
8a
8i
8a
8i
7i
8u
7a
8i
12a

Kinanthi
6
8u
8i
8a
8i
8a
8i




Asmarandana
7
8a
8i
8a
7a
8u
8a



Durma
7
12a
7i
6a
7a
8i
5a
7i



Pangkur
7
8a
11i
8u
7a
12u
8a
8i



Mijil
6
10i
6o
10é
10i
6i
6u




Pocung
4
12u
6a
8i
12a






Tembang tengahan / Sekar madya
Jurudhemung
7
8a
8u
8u
8a
8u
8a
8u



Wirangrong
6
8i
8o
10u
6i
7a
8a




Balabak
6
12a
12a
12u




Gambuh
5
7u
10u
12i
8u
8o





Megatruh
5
12u
8i
8u
8i
8o





Tembang gedhé / Sekar ageng
Girisa
8
8a
8a
8a
8a
8a
8a
8a
8a





Parafrase Tembang Macapat

Parafrase tegese ngowahi tembang/geguritan sing maune awujud pupuh/pada /bait dadi gancaran/prosa. Ana basaIndonesiagampange sinebut memprosakan puisi. Perlu dimangerteni, tembang uga kalebu salah sijining jinis geguritan, geguritan kang kuno. Mawi paugeran guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan nduweni watak dhewe – dhewe. Ngarang tembang ora kena ngawur, kudu nganggo paugeran-paugeran mau.

Ing ngisor iki ana tuladha tembang sing arep didadekake gancaran (parafrase).

1)      Dhandanggula

Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hanguapaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambang – sarawungan
Bisa uga ginelut ing tembang manis
Marma denya waspada

Tembang ing ndhuwur gancarane ana ing ngisor iki.

Kawruhana/mangertanana wong priya kang sejati. Menawa nggolek garwa kudu sing patitis, kudu ngati-ati, kanthi permati, ora grusa-grusu. Yen kengguh wong ayu, ayu kang bener iku hayu tegese nylametake lelakon. Dadi yen wong lanang milih wong ayu (hayu) kudu ngerti yen calon garwane iku bakal nylametake lelakon, dudu wong ayu sing nyengsarakake lelakon.

Kapindho, yen milih garwa maraga garwane wong sugih ya kudu ngati-ati. Sebab wong lanang yen milih bojo sugih, ing tembe mburine bakal ora kajen. Ora mung dheweke ananging bisa uga wong tuwane, sedulure, lan sapanunggalane, sebab dianggep wong mlarat. Mula wong lanang iku kudu rumagang gawe duwe panggaotan aja mung nunut wong wadon. Tegese wong lanang iku kudu tanggung jawab.

Kaping telu, yen milih calon bojo amarga nunut kawibawan. Tuladhane calon bojone putrane wong kondhang, pejabat sing kudu ngati-ati, kudu dipikir kanthi permati, supaya ora keduwung ing mburi. Sabab, kawibawan iku ora langgeng, watake sok seneng ngremehake wong lan ngina wong, sebab dianggep ora sadrajat, ora babag derajate.

Kaping papate, milih calon garwa saka sambaing – srawungan. Bibite wong bareng kuliah, duwe hobi padha, kanca latihan Koor, lsp. Woang Jawa paring sesulang lan pemut sing ngati-ati, amarga wong sambaing – srawungan iku, witing tresna jalaran saka kulina banjur kurang prayitna, ing tembe mburine keduwung amarga panelitine kurang permati.

Pinglima, ginilut ing tembung manis. Lha iki mbebayani banget. Sebab tembung manis mau jebul ora tekan bathin, among samudana, ethok-ethok. Wong kang tansah nganggo tembung manis adakane duwe pamrih, luwih-luwih pamrih bandha. Cekake tembung manis ora kena ditamba-tamba.

Iku werdine tembang macapat ing ndhuwur.

2)      Asmaradana

Asmaradana
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gamang luwih gampang
Yen angel, angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta.

Cetha, menawa pawitane wong arep rabi kuwi dudu bandha dudu rupa. Tegese dudu golek wong ayu, dudu wong sugih, dudu kawibawan, lan sapanunggale, nanging among ati pawitane. Atine sapa ? Atine wong loro – sing lanang lang sing wadon. Sebab jodho iku angel-angel gampang. Yen kena ya kena pisan, yen luput ya luput pisan. Ora bisa bola-bali. Yen angel ya angel banget. Ora kena dituku nganggo dhuwit.

Wataking Tembang
  • Tembang Pocung : saenake, sembranan, guyonan. Gunane kanggo guyonan (berkelakar), cangkriman, pitutur.
  • Tembang Mijil : gandrung-gandrung, prihatin, Gunane: pangudhar rasa prihatin.
  • Tembang Maskumambang : susah nelangsa, prihatin, merana. Gunane kanggo mratelakake rasa susah karana.
  • Tembang Kinanthi : gandrungasmara. Gunane: kanggo  mratelakake rasa susah karana asmara.
  • Tembang Durma : nesu, dendam, muring. Gunane kanggo pengeten anlikaning perang, tantang-tantangan.
  • Tembang Asmaradana : sengsem, nesu, dendam. Gunane mratelakake rasa susah karana asmara.
  • Tembang Pangkur : gandrung, tegang. Gunane kanggo menehi pepenget/peringatan
  • Tembang Sinom : lugu, susah, prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo mbabar rasa susah.
  • Tembang Dhandhanggula : luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, mbabar rasa susah, kanggo pambuka gendhing.
  • Tembang Megatruh : susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti. Gunane kanggo mbabarake rasa susah. 
  • Tembang Gambuh : nerangake, nbeber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar