Rabu, 11 Desember 2013

Jinising Tembung

Rong Perangan Tembung Basa Jawa: Tembung Lingga lan Tembung Owah


Miturut jinising tembung-tembung kabedakake dadi rong perangan, yakuwi tembung lingga (kata dasar) lan tembung kangwisowah saka linggane (kata jadian/bentukan). Tembung lingga yakuwi sakabehing tembung kang durung ngalami owah-owahan.
 
Tuladhane: anak, jaran, rob, banjir, lsp.
  • Tembung Lingga
Miturut para ahli basa, tembung lingga sinebut kata asal utzwz tembung kang durung ngalami owah-owahan, lan sabenere dumadi saka tembung sing luwih dhisik ana utawa tembung-tembung kang luwih tuwa. Tembung tembung kuwi diarani tembung wod (akar kata).

Tembung wod suk, nurunake tembung lingga: pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, dhesuk, isuk, lsp. Tembung wod pis, nurunake tembung lingga tipis, tapis, kempis, kempes, dhepis.  Tembung wod lur, turunake tembung lingga dulur, ulur, sulur, pilur. Tembung wod wur, nurunake tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur lsp.   
  • Tembung Owah
Tembung kang wis owah saka linggane kabedakake dadi telung perangan, yakuwi tembung andhahan, tembung kang dirangkep (kata ulang),lan tembung camboran  utawa wancahan (kata majemuk).

Tembung lingga tekuk, bisa diowahi dadi tembung-tembung ditekuk, panekuk, tinekuk, tekukan, tekuk-tekukan, lsp. Kabeh tembung kuwi diarani tembung andhahan. Dene cara-carane tembung lingga didadekake tembung andhahan kuwi ana pirang-pirang. Ing ngisor iki tuladhane.
 

diwenehi ater-ater (awalan)
Jinising ater-ater: (n), (m), (ny), (ng) kang uga sinebut ater-ater hanuswara uatawa swara irung; tak-, kok-, di, ka-, ke-, sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, kuma-, kapi-, lsp.
 
diwenehi seselan (sisipan): -um-, -in-, -er-, -el- 

diwenehi panambang akhiran: -a, -I, -e, -an, -en, -ana, -ake, -na, -ne, –ku, -mu.
 
  • Rimbag Lingga Andhahan
Sayektine ana tembung-tembung kangwiskalebu tembung andhahan ananging isih dianggep tembung lingga, sebab tembung-tembung kuwi isi bisa diwenehi ater-ater, panambang, lan seselan kayadene tembung lingga.

Tuladhane: omah dadi lingga andhahane somah. Somah bisa dadi tembung andhahan maneh saka tembung sesomahan. Ubeng dadi lingga andhahan kubeng, kubeng isih bisa didadekake tembung kinubeng.

Tembung kang kalebu lingga andhahan yakuwi:

1-Tembung lingga sing antuk ater-ater sa-, pa-, pi-, pra-, tar- (tra-), ka-.

Tuladha: 

sa     : 
sa- + iji            = siji
Sa- + olah      = solah

Pa      :  
pa- + omah     = pomah
Pa-+ ro         = paro

Pi-        :  
pi- + wulang   = piwulang
Pi- + ala         = piala
Pi- + andel     = piandel
Pi- + dana     = pidana

Pra       : 
pra- + kara      = prakara
Pra- + lambang= pralambang
Pra-+ jurit      = prajurit

Tar-(tra-): 
tar- + tamtu   = tartamtu
Tar- + buka   = tarbuka
Tar- + kadhang= tarkadhang

Ka-      :  
ka- + ubeng    = kubeng
Ka- + wruh   = kawruh
Ka – + arsa   = karsa

Tembung-tembung lingga ing ndhuwur (kajaba ater-ater tra-/tar-) diarani tembung aran (kata benda)

2-tembung lingga kang antuk ater-ater pan-, pany-, pam-, pang-

tuladhane:

pan- + tiyung     = pantiyung
pan- + colot       = pancolot
pan- + telung     = pantelung

Tembung lingga andhahan ing ndhuwur kalebu tembung kahanan/kaanan. 

3-Tembung lingga kang antuk seselan (-er-, -el-) sabenere sajinis, amarga bisa ganti-gumanti. Tuladha: krelip, klelip . dene tembung lingga kang antuk seselan –el-, -er-,  uga kalebu tembung kahanan/kaanan.
  • Rimbag  Bawae
Rimbag bawa ana telu: (1) bawa kapi, bawa kami, bawa kuma; (2) bawa ha; (3) bawa ma. Katelune diwedharake ing ngisor iki.

1. Bawa kapi, bawa kamu, bawa kuma
 
Tuladha :
  • Fatimah ora wani metu amarga kamigilan ula welang.
  • Sing kumawani wewaler kapatrapan paukuman.
  • Pak Bei punika penggalihipun kapilare sanget.
Tembung: kamigilan (kami- + gila+ -an), kumawani (kuma- + wani), kapilare (kapi- + lare), diarani rimbag-nya bawa kami, kuma, lan kapi. Tembung-tembung kasebut kalebu tembung kaanan kang nerangake sipating manungsa. Dene tegese (nosi/arti) yakuwi:
  • Banget
Tuladha: kamigilan: banget ing gilane
Kamisesegen: banget sesegen
  • Kaya
Kapilare: sipati kaya lare/bocah banget
Kamituwa: pacake kayawistuwa
  • Anggepe kaya
Kumratu: anggepe kaya ratu-ratua
Kumlanang: anggepe kaya lanang-lananga.

2. Bawa Ha

Tuladha:
Suta pijer medhukun bae, nanging larane anake datan ana sudane
Ngati-ati srawung wong kang apangawak setan
Medhukun saka tembung linggga dhukun antukater-ater ma-. Apangawak saka tembung lingga pangawak antuk ater-ater a-.
Tembung-tembung kang antuk ater-ater a- utawa ma- rimbag-nya diarani bawa ha. Tegese (arti/nosi) rimbag bawa ha, yakuwi:
  • Nduweni
Tuladha: Anak turune abandha-abandhu (nduwena bandha-bandhu) , saengga uripe bisa mubra-mubru.
Ora sanak ora akadang (nduweni kadang) yen mati melu kelangan.
  • Manganggo
Tuladha: Sore-sore akemul (manganggo kemul) sarung.
  • Kaya sing sinebut ana tembung lingga
Tuladhane: Tandure wisakembang, asemi, awoh.
  • Bareng
Tuladhane: Bocah-bocah padha bungah atampa (barengnampa) dhuwit.

3. Bawa Ma
 
Bawa ma kuwi kedadeyan saka tembung lingga kang antuk seselan –um- papane ana samburine aksara purwa tembung. Tuladha: kenthus dadi k-(um)- enthus : kumenthus; kaki dadi k-(um)-aki: kumaki.

Tembung lingga kang antuk seselan –um-, tarkadhang ngalami owah-owahan ana aksara purwaning tembung. Tuladha:
  1. Tembung lingga kang akara purwaning tembung  p nalikaning antuk seselan –um- gumanti k. tuladha: pati – umati  dadi mati; putung-umutung dadi mutung; panggang dadi kumanggang, pinter dadi kuminter
  2. purwaning tembung aksara w gumati k. tuladha: wasis dadi kumasis; wareg dadi kumareg, waras dadi kumaras.
  3. purwaning tembung aksara b gumanti g. tuladha: bobor dadi gumobor, bagus dadi gumagus, banter dadi gumanter.
  4. purwaning tembung aksara ha menawa antuk seselan –um-, wiwitaning lungguh luluh. Tuladha: ulung dadi umudhun dicekak mudhun; ulur dadi umulur dicekak umulur.
Tegese (nosi/arti) tembung bawa ma:
  1. nduweni kaanan/sipat kaya kang sinebut ana ing tembung lingga. Tuladha: kuminter (nduweni sipat kaya pinter-pintera
  2. lagi nedheng-nedhenge. Tuladha: kumeruk (lagi nedheng-nedhenge dikeruk).
  3. Kaya uni utawa swara kang sinebut ana linggane. Tuladha: jumegur (swarana jegur); cumengkling (swarane cengkling) lsp.
  4. kaanan: turun-tumurun.
  • Rimbag Tembung Tanggap
Tembung lingga kang antuk ater-ater dak-, kok-, di-.  Gampangane diarani rimbag dak, rimbag ko, lan rimbag di.
ü      Dak + lingga diarani rimbag utama purusa
ü      Kok  + lingga diarani rimbag madyama purusa
ü      Di + lingga diarani rimbag pratama purusa
Tarkadhang   tembung lingga kajabawisantuk ater-ater tanggap uga antuk panambang –I utawa –ake, mulane miturut panambange kaperang dadi telu.
  1. tanggap wantah
Tegese tanggap kang tanpa panambang. Gawa: takgawa, dakgawa: rimbage tanggap tak wantah utawa tanggap utama purusa kriya wantah. Kokgawa/kogawa: rimbage tanggap ko wantah utawa tanggap madyama purusa kriya wantah. Digawa rimbage tanggap di wantah utawa tanggap pratama purusa kriya wantah.
  1. tanggap –I (kriya)
Tegese tanggap kang antuk panambang –i. tuladha: tulis –taktulisi: ribage tanggap tak –I kriya (tanggap utama purusa –I kriya).
  1. tanggap –ke (kriya)
  2. tanggap ka/na

Tidak ada komentar:

Posting Komentar